Content-Length: 105771 | pFad | https://jv.wikipedia.org/wiki/Kukul

Kukul - Wikipédia Menyang kontèn

Kukul

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Kukul

Kukul ya iku kaanan nalika pori-pori kulit kesumpelan saéngga njalari nanah kang dadi radhang.[1] Kukul kalebu lelara kulit kang akèh nyerang manungsa.[1] Kukul disebabaké hormon kang owah saéngga ngrangsang klanjer lenga ing kulit.[1] Owahing hormon liyané kang bisa ndadékaké kukul ya iku nalika lagi ménstruasi, lagi meteng, lan nggunakaké pil KB utawa nalika lagi stress.[1]

Kukul ora mung disebabaké amarga regedan nanging uga disebabaké faktor kang ana ing jero awak.[2] Kukul ya iku kondisi abnormal kulit kang diakibatké amarga gangguan prodhuksi klanjer lenga (sebaceus gland) kang luwih kang njalari saluran folikel rambut lan pori-pori kulit kasumpelan.[2] Kukul lumrahé disebabaké hormon, lenga utawa sebum ing kulit kang kacampuran karo baktéri.[2] Kukul disebabaké klanjer lenga kang luwih kang diprodhuksi hormon androgen.[2] Kukul disebabaké amarga klanjer lenga iku kecampur karo sèl kulit mati.[2] Nalika sèl-sèl kulit iku nyampur karo sebum, campuran kandel lan kanthil iku bisa mentuk zat kang nyumpeli saèngga malih warna dadi ireng utawa putih.[2] Kukul ora mung thukul ing rai nanging uga ana kang thukul ing awak kaya ta ing geger, dhadha, lan lengen pérangan dhuwur.[2]

Pori-pori kang kasumpelan lumrahé uga disebabaké kosmetik kang ngandhut akèh lenga utawa wedhak kang nyampur karo foundation.[2] Konsumsi obat kortikosteroid, kaya ta oral (obat kang diombé) utawa topical (obat oles),kang ngakibatké daya tahan awak saya suda uga ngundhakaké thukulé kukul awit aktivitas baktèri patogen kang saya akèh.[2]

Cathetan suku

[besut | besut sumber]
  1. a b c d [Seri IPA BIOLOGI", Yudhistira Ghalia Indonesia, 9797467902, 9789797467906]
  2. a b c d e f g h i [Surtiningsih, "Cantik dengan bahan alami: cara mudah, murah dan aman untuk mempercantik kulit", Elex Media Komputindo, 2005, 9792074627, 9789792074628.]










ApplySandwichStrip

pFad - (p)hone/(F)rame/(a)nonymizer/(d)eclutterfier!      Saves Data!


--- a PPN by Garber Painting Akron. With Image Size Reduction included!

Fetched URL: https://jv.wikipedia.org/wiki/Kukul

Alternative Proxies:

Alternative Proxy

pFad Proxy

pFad v3 Proxy

pFad v4 Proxy