Content-Length: 101184 | pFad | https://jv.wikipedia.org/wiki/Undur-undur

Undur-undur - Wikipédia Menyang kontèn

Undur-undur

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Undur-undur
Klasifikasi ngèlmiah
Karajan: Animalia
Filum: Arthropoda
Klas: Insecta
Ordho: Neuroptera
Superfamili: Myrmeleontoidea
Famili: Myrmeleontidae

Undur-undur ya iku sebutan kanggo golongan gegremet saka familia Myrmeleontidae.[1] Ing donya iki dikira-kira ana kurang luwih 2.000 spésies undur-undur.[1] Undur-undur nyebar ana ing sakabehing donya, mligi ing tlatah kang hawane anget dan akèh pasiré.[1] Kewan iki diarani undur-undur amarga mlakune mundur nalika gawé gowakan susuh ing lemah.[1] Kéwan iki uga diarani tembukur, cembukur, bukur, bubukur, kebobukur, kebobongkang, bobongkang, bongkang, jongkang, rikriknong lan rikrikma. Ing basa Inggris, kéwan iki diarani antlion (semut singa).[1] Diarani semut singa amarga kéwan iki seneng ngajak semut kanthi ganas ya iku kanthi gawé jebakan ing jero lemah mula diarani singane para semut.[1] Undur-undur duwé dat sulfonylurea.[2] Kerjane dat sulfonylurea kang ana ing undur-undur ya iku nglancarake kerjane pankreas nalika ngasilaké insulin.[2] Undur-undur bisa nambani lelara diabetes.[3] Undur-undur uga bisa nambani kencing manis lan sesek napas.[4] Undur-undur ngalami metamorfosis sampurna saka endhog, larva, entung, lan diwasa.[5] Keampuhan kéwan kang kalebu kategori gegremet iki bisa nambani penakit kang wis dipercaya saka jaman biyèn, undur-undur iki dipercaya bisa nambani remaik, rasa penat ning awak, lan uga nambani lelara stroke kang angèl tambanane.[3]

Salah siji spesiès undur-undur nalika wis diwasa, wujudé kayadéné kinjeng dom

Pranala njaba

[besut | besut sumber]

Cathetan suku

[besut | besut sumber]
  1. a b c d e f www.strov.co.cc (diakses tanggal 1 Mèi 2011)
  2. a b kaskusnews.us (diakses tanggal 5 Mèi 2011)
  3. a b www.detiknews.com (diakses tanggal 5 Mèi 2011)
  4. www.indosiar.com[pranala mati permanèn] (diakses tanggal 5 Mèi 2011)
  5. www.scribd.com (diakses tanggal 5 Mèi 2011)


Cithakan:Gegremet-stub









ApplySandwichStrip

pFad - (p)hone/(F)rame/(a)nonymizer/(d)eclutterfier!      Saves Data!


--- a PPN by Garber Painting Akron. With Image Size Reduction included!

Fetched URL: https://jv.wikipedia.org/wiki/Undur-undur

Alternative Proxies:

Alternative Proxy

pFad Proxy

pFad v3 Proxy

pFad v4 Proxy