Pat X Bahasa Jawa
Pat X Bahasa Jawa
MA AL-MAHALLI
TAHUN PELAJARAN 2020/2021
I. Kawangsulana pitakénan ingandhap punika kanthi cara miji wangsulan A, B, C,D, utawi E
ingkang leres!
1. Tiyang ingkang gadhah jejibahan nglantaraken titilaksana....
a. panutup
b. pambuka
c. sabdatama
d. panatacara
e. Pambagyaharja
2. Supados anggènipun nglantaraken jejibahan saged kasil kanthi saé, pamedhar sabda kedah
ngudi....
a. tut wuri handayani
b. adigang adigung adiguna
c. ajining dhiri gumantung saka lathi
d. ajining raga gumantung saka busana
e. olah basa, sastra, olah raga, busana, lan olah swara
3. Para pepundhén ingkang dahat kinabektén. Para tamu ingkang ... kepareng kula matur ing
ngarsa panjenengan sadaya saperlu ngaturaken pambagyaharja ing ri kalenggahan punika.
Tembung ingkang trep kagem njangkepi ukara ing inggil inggih punika....
a. kula ajrih
b. kinurmatan
c. kula tresnani
d. nembé ngasta
e. paring ngèlmu
4. Nalika dados panatacara pocapan/lafal kedah cetha, wiramanipun saé. Punika ateges
nggatosaken....
a. olah guru
b. olah basa
c. olah raga
d. olah swara
e. olah busana
5. Pangageming tembung-tembung rinengga saha panyandra ing panatacara punika
magepokan kaliyan....
a. olah rasa
b. olah swara
c. olah basa
d. olah busana
e. olah raga
6. Miturut kasusastran Jawi, jinising sekar saged kapérang dados ....
a. sekar ageng, pangkur, durma
b. sekar macapat, sekar alit, sekar ageng
c. sekar tengahan, sekar macapat, sekar alit
d. sekar alit, sekar tengahan, sekar macapat
e. sekar macapat, sekar tengahan, sekar ageng
7. Cacahing larik saben sapada tembang kawastanan....
a. guru lagu
b. guru swara
c. guru wilangan
d. guru gatra
e. guru sastra
8. Cacahipun tembang macapat punika wonten....
a. 9
b. 12
c. 10
d. 13
e. 11
9. Cacahing wanda saben sagatra tembang kawastanan....
a. guru lagu
b. guru swara
c. guru wilangan
d. guru basa
e. guru gatra
10. Guru gatra tembang macapat Pangkur wonten....
a. 5
b. 8
c. 6
d. 9
e. 7
11. Lelagon Jawa ingkang ngewrat pirang-pirang aspèk seni inggih punika....
a. macapat
b. campursari
c. wayang
d. cerkak
e. Geguritan
12. Urutaning carita wiwit lekas ngantos pungkasan kawastanan....
a. irah-irahan
b. paraga
c. alur carita
d. sètting
e. Watek
13. Perangkat gamelan ingkang ginanipun ngatur wirama inggih punika....
a. gendèr
b. kendhang
c. demung
d. bonang
e. Peking
14. Tokoh campursari ingkang kondhang....
a. Didi Pethet
b. Ki Narto Sabto
c. Dedi Dhukun
d. Ki Manteb S.
e. Manthous
15. Serat ingkang isinipun atur dhumateng tiyang sanès supados rawuh ing papan lan wekdal
ingkang sampun katemtokaken dipunsebut... .
a. serat ulem
b. serat kitir
c. serat iber
d. serat lelayu
e. serat pribadi
16. Unsur-unsur ingkang kedah kamot ing serat ulem kados ing andhap punika, kejawi... .
a. nama ingkang tinuju
b. pambuka
c. nama lan yuswa
d. isi
e. nama ingkang paring serat
17.