Menyang kontèn

Alèrgi

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Gatel-gatel amarga alergi

Alèrgi ya iku lelara kang disebabaké ora cocoging awak karo lingkungan utawa panganan kang dipangan. Kayadéné alèrgi marang panganan saka iwak sagara utawa janganan tartamtu kang ndadèkaké anané rasa gatel-gatel, aboh, muntah-muntah, utawa watuk.[1] Awak nganakaké réaksi luwih-luwih marang lingkungan utawa bahan-bahan kang déning awak kaanggep asing lan mbebayani, kamangka sajatiné ora kanggo wong kang ora asipat atopik. Bahan-bahan kang ndadèkaké hipersensitivitas iku diarani alèrgen. Kang njalari alèrgi ya iku prodhuksi antibodi jinis IgE.[2]

Pancegahan

[besut | besut sumber]

Supaya ora alèrgi, kudu migatèkaké:

  • Jaga karesikan lingkungan, ing jero omah utawa ing njaba omah. Aja seneng numpuk akèh barang kang ana ing sajeroning omah utawa kamar kang bisa ndadèkaké sarang numpuke abluk minangka rangsangan bakalane reaksi alergi. Usahakake aja ngopeni kéwan ing jero omah utawa nyelehake kandhang kéwan ing sakupenge omah.[3]
  • Aja nganggo wangen-wangen ruwangan, obat nyamuk. Yèn ing omah akèh lemud, nganggo raket antilemud.
  • Nganggoa bantal lan kasur kang digawé saka busa, dudu saka kapuk.
  • Ganti sprei seminggu pisan, lan dikumbah nganggo banyu anget.
  • Aja nganggo klambi saka bahan wol, anggoa klambi saka bahan katun.
  • Konsultasi ing dhokter spesialis alergi.

Cathetan sikil

[besut | besut sumber]
  1. Lembaga Penelitian Pengembangan dan Pemberdayaan Lingkungan. 2000. Pemanfaatan Tumbuh-Tumbuhan Alami Untuk Keséhatan dan Pengobatan Alternatif. Jawa Tengah: Jaya Madani
  2. Bope, Edward T.; Rakel, Robert E. 2005. Conn's Current Therapy 2005. Philadelphia, PA: W.B. Saunders Company. p. 880. ISBN 0-7216-3864-3.
  3. ""Kenali Alergi Kulit pada Anak"". Diarsip saka sing asli ing 2005-01-16. Dibukak ing 2011-08-04.


pFad - Phonifier reborn

Pfad - The Proxy pFad of © 2024 Garber Painting. All rights reserved.

Note: This service is not intended for secure transactions such as banking, social media, email, or purchasing. Use at your own risk. We assume no liability whatsoever for broken pages.


Alternative Proxies:

Alternative Proxy

pFad Proxy

pFad v3 Proxy

pFad v4 Proxy